PopAds.net - The Best Popunder Adnetwork
Home » , » Dagelan Jowo Wayang Koplak Semar vs Google

Dagelan Jowo Wayang Koplak Semar vs Google



Dagelan wayang boso Jowo koplak bin gemblung lakon Semar nggugat Mbah Google. Bahasane nganggo boso Jowo ngoko kasar ala Jawa Timuran (Suroboyoan). Sekarep, cerito iki dianggep guyonan ora nggenah, ukoro pitutur waton mangap, gegojekan satir wong kenthir, wayang gendeng dalang edan opo layang somasi sing wis basi. Sing jelas, Eyang Semar rodo mecucu sampek lambene ndower mergo ono wong monco sing nyaingi kewasisane. Wayang Londo iku jenenge Mbah Google. Opo yo ora kudu ngguyu sampek kepingkel-pingkel. Lha wong Semar kok cemburu karo pujaane arek sak ndonya.

guyonan bahasa jawa boso ngoko jawa timuran mbanyol wayang semar
Piye ra mangkel? Sak joke methungul si Gugel, popularitase eyang Semar anjlok jlok koyo Jokowi sak marine kasus cicak vs boyo. Jaman disik, arek nom sak ubenge tanah Jowo mulai tekok Jawa Timur, Jawa Tengah, Jogja, Jowo Ngapak sampek Jowo Kiyek ngidolakno mbah Semar. Wong tuwo mituturi anake supaya niru tuladane si eyang sing arif wicaksono, nrimo ing pandum, ora adigang adigung adiguno, mbelani wong cilik lan tuladha kanggo kabecikan liyane.

Saiki jamane wis edan kabeh. Arek Jowo wis lali karo guyon matone Semar sak pranakane yo iku Gareng, Petruk lan Bagong. Padahal dagelan asli Jowo punakawan iku sak liyane lucu yo ngandung falsafah, wejangan lan pitutur kang migunani. Semar ora bakal gelem ndagel sing ngandung unsur kang ora migunani. Ora koyo mbah Google. Wong golek pilem oyes wae yo dilayani. Opo simbah Google ra mikir nek konten gak genah ngono kuwi iso ngrusak mental generasi muda? 

(lambene dalang gendeng sing nulis guyonan koplak iki yo lamis pisan kok. Wis ngerti ngrusak kok yo melok-melok mosting humor dewasa barang... Semprul!! Wakaka... Isin aku... :-)

Kasunyatane pancen ngono. Jaman ndisik... bocah cilik dolanane cangkriman, nembang kidungan, ndongeng kancil, cerito pewayangan, parikan jula-juli boso jowo. Arek saiki? Dolanane rayuan gombal, update status koplak, sms lucu, ngapload gambar meme sableng. Ndisik seneng engklek, dakon, gobag sodor... Saiki senengane ngucel ucel manuk purikan jenenge Anggry Bird, mijeti plastik arane PS, menthelengi kotak gambar India gelut.... 

Wis embuhlah...

Pancen kemajuan teknologi internet sing identik karo Google iku koyok lading (pisau) matane loro. Mata sing siji migunane kanggo kemajuane jaman. Mata liyane siwer, iso njerumusake arek nom dadi wong gendeng tenanan. Ora usah tak jlentrehake efek positip lan negatipe jagad online. Kabeh wis dibahas sampek ledheh. Sing durung ngerti ndang takon nok Mbah Google.

Lho... yo to? Takone mesti nok Google. Saiki wis ora tahu takon Eyang Semar lewat primbon Jowo. Lucune, sak anane primbon mulai primbon nJowo, Meduro, Mbatak, Sundo, Cino, Jepang, Londo sampek primbon koplak wis ono nok Google. Walikane... sampeyan nggoleki Google nok primbon Jowo sampek sengklek ora bakal nemoni. Lucu opo mbanyol? Gendeng opo edan?

Anakku dewe sing kelas 1 SD iku, nek nggarap PR yo njaluk uruk karo Google. Nek tak takoni: “Kok golek jawabane nok internet sih Le? Opo ora dicatetno karo gurune?” Iki jawabane: “Jare gurune ora usah nyatet-nyatetan... kesuwen. Kongkon nggolek nok Google ae wis lengkap.”

Lha nek ngene carane yo ora usah sekolah rek... Ngeloni Google ae ben pinter. Padahal jenenge arek cilik isik seneng dolanan. Ngopy paste jawaban Pe eR cuman 5 menit, main game online 5 jam. Iyo nek areke ora nggladhik mbukak situs gak genah barang. Wis koplak... koplak....

Pancen bener... nek anake internetan, wong tuane kudu ndampingi ben areke ora nggladrah koyo ngono. Masalahe, wong tua opo yo ora butuh nyambut gawe? Prasane Google gelem ngeke’i duwit ngono tah? Jan mbanyol tenan kok 

Mangkane nek ono sekolahan SD / SMP / SMA sing nggawe aturan: “Kabeh murid kudu nduwe laptop” bakal diguyu karo eyang Semar. Iki lembaga pendidikan opo distributor laptop? Sing seneng yo pabrik laptop kayak Samsul, Toyibah, nDell, kAsus, Apel krowak, Axiyoo plus dokter mata. Lha nek kaet cilik arek wis dipekso menthelengi monitor ae opo mripate ora soak?

Nek jare aku... Jareku lho ya... Yo jare Eyang Semar pisan... Nek sek sekolah sak duwure SMU ae gak perlu laptop-laptopan. Mergo arek umur semono iku durung ngerti erah-erahan: endi sing bener lan sing ora bener. Lak ndagel alias konyol to, wayahe gurune nerangno, areke malah pesbukan. Yo dadine bocahe pancen pinter. Pinter gendhakan... Soal pelajaran? Halah gampang... Takon wae karo Mbah Google, beres! Miyapa repot bingiiits?

Beda maning nek mahasiswa. Cara mikire ngono wis dewasa. Iso ngiro-iro, barang genah karo gak genah. Wajar pancen wis wayahe gendhakan... Lho... kok? Lha iyo, arek kuliah saiki nek gak nyengklak laptop (sak apes apese kerdus digambari laptop), jare ora gaul blas. Ora bakalan ono sing gelem nyerak. Padahal, kuliah nek gak gendhakan iku podo nelpon ora ono sinyale. Ora nyambung to?

Yo mesti ora nyambung. Judule wae dagelan Jowo koplak. Ora nyambung wae ora lucu... Opo maneh disambung... Tambah nggilani.

Terus kesimpulane opo? Google salah opo kok Eyang Semar nggugat? Google ora salah. Semar yo ora salah. Sing salah yo dalange. Lahpo mosting nek ora iso menehi solusi? Umpama bal-balan, kabeh penonton iso maido karo pemain nok lapangan. Coba kongkon main. Paling yo ra enthos. Tapi nek ora ono sing kecangkeman ngene iki yo ra seru. Bener opo bener?

Wis wayah wengi dulur... ngantuk. Liyo dino diteruske maneh dagelan guyonan boso Jowo koplak Eyang Semar vs Mbah Google sing ora jelas jluntrungane iki. Tulisan iki mung unek-unek pribadine dalang gendeng sing durung mesti bener. Ojo diuntal mentah-mentah monolog ngawur iki. Dimasak disik sampek umup... diwenehi gulo... dicempungi kopi... diaduk... trus disuguhno aku kene. Wuenak tenan.... Matur sembah nuwun sampun mampir. Mugi-mugi Gusti Kang Ngayomi Jagad tansah maringi kewilujengan dateng panjenengan sedoyo... saget gegojekan kalih rencang lan sederek kanti sumringah ing manah... Nuwun...