PopAds.net - The Best Popunder Adnetwork
Home » , » Meme Jowo Koplak Pokoke Ngakak

Meme Jowo Koplak Pokoke Ngakak

Meme Jowo Koplak Pokoke Ngakak – Iki ngono kumpulan gambar meme banyolan Jowo asal iso digawe guyonan. Pokoke marai ngguyu ngakak. Mung gambar karo ukoro Jowo gendeng + koplak, sak karepe dewe, sing penting lucu. Dadi ra usah mikir sing aneh aneh mundak dadi edan tenan. Najan tembung lan ukarane kasar ala Jawa Timuran, ning gambare tetep sopan. Ora ono foto sing saru, opo maneh foto meme mateni huruf “K” nok mburine. Paham? Yo jelas paham rek... iku jenenge memek! Wis, ben jelas pisan hahaha...  

Waduh! Mumpung durung kebacut mbahas sing ora genah, mending tontoken gambar meme boso Jowo koplak iki. Contone kaya meme nek nduwur kae. Gambare Ryan, anakku dewe sing sek polos ketok santai karo ngomong. “Tetep keep smile najan duite kari sak upil.” Walah! Arek iku ngerti ae nasibe bapakne nek pas tanggal tuwek.

Meme Jowo Koplak 1: Tanggal Tua

Gambar: Kang Mus nyengkerem ndase sing cenut cenut
Ukoro koplak: “Tanggal tuwek... Sirah rasane mlethek!”
Tegese: Tanggal tua, durung gajian, bojo lambene mecucu wae njaluk duit belanja, wayahe ngangsur bank thithil... gendakan meteng njaluk dirabi pisan. Modar ora ndasmu!

Ojo cengengesan. Tenanan iki. Aku wis tau ngalami dewe. Eh, aku kok malah mbukak rahasia yo... Bilahi taufik wal hidayat nek sampek bojoku ngerti aku nggendak, hahahaaaa...! (bayangno ngguyune Baseman yo ben krungu mbanyol)

Meme Jowo Kocak 2: Kalah Rupo

Gambar kocak: Wong tuwek elek ngrangkul prawan ayu (mbuh sek prawan tenan opo wis oblong, aku ora weruh, durung tau nyoba. Sing jelas bodine semlohai nggarai ngiler)
Tembung kocak: “kalah rupo menang dupo”
Artine: Masio wis tuwek, elek, ngentutan... tapi nek dupo utawa kemenyane ampuh yo iso nggandeng cewek mboys. Dupane simbah nok meme iki ora sembarangan. Nek gak salah merk dupane Toyota Fortuner
Ora kaya kowe. Pingin cewek ayu golek menyan nok gunung Kawi. Ora ngekeki mahar karo dukune pisan. Yo ra mempan...
Halah! Ra usah mungkir. Lha wong pas mrono bareng karo aku ngono lho... hahahahaaaaa!!

Meme Jowo Mbanyol 3: Pitutur Simbah

Gambar: wong Jowo lagi purik (nesu), ngungkuri kamera, blangkone diganti topi sinterklas. Opo tumon?
Ukoro mbanyol: “Ojo nesu. Nek ono sing ngenyek rupamu elek, digawe ngguyu wae karo mbatin: jiamput! Ngenyek kok pas...”
Tegese: Rupamu memang elek! Titik!

Meme Jowo Gendeng 4: Pituture Simbah maneh

Gambar: Mbah Marwoto ngekeki wejangan (pitutur)
Tembung gendeng: “dadi wong iku ora usah macem-macem, opo onoke wae. Ono prawan yo disikat... ono rondo yo diembat... ono bojone wong yo dikongkon megat...!”
Tegese: embuh! Ora wani ngomong aku. Soale ndisik ono rondo tak sikat, randane ngamuk karo ngomel: “Jiancik! Prasamu aku iki taek ngono tah, kon sikat karo sikat WC!”

Ealah... jian kebacut kok wong iki. Ngerti meme gendeng ngene kok yo dipendeliki sampek tamat. Ya wis lah, cukup semene wae kumpulan gambar meme Jowo koplak iki. Nek diterusno mengko mundak tambah kumat edane. Pokoke, sing temping sedulur kabeh iso ngguyu ngakak sampek lali karo utange... Hahahahaaaaa!!!  Ojo lali incengen gambar meme liyane sing lucu, kocak, gokil, mbanyol: DP BBM Suroboyoan Paling Sampel - DP Jawa Unen Unen Mbanyol lan akeh liyane. Suwun...